Pribadi kang Nduweni Integritas

Ngudarasa67 Dilihat

KOTA SEMARANG, wartaintegritas.com – Pdt. Malcolm Brownlee, dosen STT Duta Wacana (saiki UKDW), nate nulis mangkene: “Sanadyan sawijining wong ngabdi marang Gusti Allah, ananging bisa uga ngalami pakewuh, nalika nemtokake karsane Gusti Allah ing sawijining dilema moril. Asring kita kudu nemtokake ora ireng-putih, ananging corak klawu. Sanadyan akeh wong setuju manawa ngapusi kuwi ala, lan kurmat marang bapak kuwi becik. Semono uga, wong-wong ora setuju manawa ana sawijining bapak ngakon anak remajane ngapusi. Umpamane nalika ana tamu, bapake tumuli mrentah bocah remaja mau, supaya matur marang tamune manawa bapake wis tindak, marga sejatine bapake arep ngaso.” Ing kasunyataning urip, kita asring mrangguli prakara ‘klawu’ kaya mangkono. Manawa ngapusi ora dadi keparengipun Gusti Allah, ora ngapusi tegese nampik prentahe bapake. Ing prekara iki, saperangan ora ngugemi dhawuhe Gusti Allah merga ngapusi, senajan ngapusi mung sithik, dene manawa yen ora ngapusi, tegese madal prentahe wong tuwa, mangka aran si bocah kudu bekti marang wong tuwa.

Ana pitutur luhur mangkene “Yen iya, kandhaa: iya, yen ora kandhaa: ora. Saluwihe saka iku, asale saka pangawak dursila.” Piwulang iki nengenaken integritas kang nyata, kang nduweni karakter becik lan kajujuran. Wicarane padha karo kasunyatane, linambaran kayekten (kebenaran), sarta kanthi ati tulus tanpa anane prekara sing disingitake. Apa sing kandhake bares, apa anane, kang tundhone bisa ndadekake kabecikan marang sapa wae sing nduweni sesambungan pasrawungan; ing panggonan makarya, kulawarga lan organisasi liyane. Manawa kita cak-ake pangandika iki, arep dadi patuladhan ing urip pasrawungan pabrayan agung (masyarakat). Gegayutan karo conto ing ndhuwur mau, luwih prayoga manawa bapake, methuki sadhela tamune utawa menawa temenan ora kuwat ngglawat, mrentah anake matur bares “Bapak nembe ngaso.” Piwulang iki nandhesaken standard moral kang luhur, kang ngemu kayekten, tanpa anane apus krama, linambaran ati kang resik tanpa anane piala.

Pribadi kang nduweni integritas katitik saka laku moralitas sing dilakoni ing urip padinan, kang nduweni kawibawan, adeg-adeg kang bakuh, jujur lan nyawiji ing cipta, rasa lan karsane, luwih-luwih nalika ngayahi jejibahan kebak ing tanggung jawab. Ora mliyur nalika ngadhepi kahanan sing ora bener ing sakiwa tengene. Pawongan sing berintegritas nduweni semangat ngabdi saapik-apike, sarana misungsungake kaprigelan (kompetensi) sing diduweni marang pawongan sing menehi pagawean. Yen pejabat tanggung jawabe marang rakyat lan negarane, yen karyawan marang lembagane. Saupama pawongan kuwi dadi pejabat apa karyawan, mangka meruhi ing sakiwa tengene padha korupsi, lan tindak korupsi dianggep wis lumrah neng lingkungan kono, dheweke tetep emoh melu-melu korupsi, awit kuwi tumindak ora bener tur culika. Malah kepara menggak wong-wong sing nindakake korupsi, supaya ora nglakoni piala kuwi. Dadi pejabat utawa karyawan dudu prekara dhuwit utawa status sosial, nanging hasil tenaga, pikiran lan wektu sing ditanggungjawabake. Samono uga integritas dudu prekara pituwas, ananging makarya kang bisa gawe mareming masyarakat utawa pawongan sing menehi pakaryan marang dheweke.

Dening: Iskandar MZ

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *