Dening: Suyito Basuki *)
Sinten ingkang gesangipun mboten kepengin dipun berkahi dening Gusti? Malah kepara berkah punika ngantos luber dhateng para putra lan wayah? Saha bandha donya ugi kaparingan, sarta pikantuk kawicaksanan satemah saged ngrampungi samukawis masalah ing gesang? Tamtu sadaya tiyang kalebet kita ugi kepengin saged makaten.
Miturut Sabdanipun Gusti wonten ing Yabur 112:1-9 punika, saben tiyang saged nampeni berkah-berkah punika menawi gesangipun sami ‘ngabekti’ dhateng GUSTI, sarta ‘kasengsem’ tumrap dhawuh prentahipun GUSTI. Tembung ‘ngabekti’ ing basa Ibrani katelah ‘yare’ ingkang tegesipun ajrih, geter, ananging ugi wonten raos kesengsem. Ing alkitab basa Inggris kasebat kanthi tembung ‘fear’. Alkitab basa Indonesia sehari-hari paring terjemahan mawi tembung ‘takwa’.
Tembung ‘kasengsem’ saking kalih tembung basa Ibrani nggih punika ‘chapets’ ingkang tegesipun bingah utawi remen. Alkitab bahasa Inggris paring terjemahan ‘delight’. Tembung ingkang angka kalih ingkang dipun ginakaken, ing basa Ibrani katelah ‘me’od’ tegesipun kakiyatan ingkang kathah sanget, saestu ageng, saha nedahaken kaluberan. Alkitab basa Inggris paring terjemahan ‘greatly’.
Tumindak-tumindak ingkang kasebat ing Yabur 112 punika kados dene dhemen wèwèh lan awèh utangan, sing ngrumati barang-darbèké kanthi temen. (ay. 5), Loma pawèwèhé marang wong miskin, kabecikané bakal lestari (ay. 9) punika wujud nindakaken prentah-prentahipun Gusti punika.
Punapa gesang kita kepengin dipun berkahi Gusti? Sumangga gesang ngabekti utawi ajrih dhumateng Gusti kanthi geter ananging ugi kinanthenan raos urmat dhateng Panjenenganipun. Lan sumangga sami kasengsem tumrap sabdanipun Gusti. Kanthi makaten kita tansah gilut rinten dalu saha kita tindakaken ing gesang saben dintenipun.
*) Penulis manggen ing Ambarawa










