Sinau dhateng Tiyang Israel  ing Masa lan Meriba: Sampun Ngantos Mboten Pitados Pakaryanipun Gusti

Ngudarasa112 Dilihat

Dening: Suyito Basuki *)

Umat Israel nembe tumuju dhateng Tanah Kanaan.  Satunggal wekdal sami kraos ngorong.  Ing pasamunan mboten gampil pados sumbering toya.  Pramila kanthi makaten sami sulaya ing rembag saha Nabi Musa dipun lepataken, awit sampun mbekta tiyang Isarel medal saking Mesir tumuju dhateng Tanah Kanaan, laladan ingkang dipun prasetyakaken Gusti lumantar Rama Abraham.  Tiyang-tiyang ingkang sami pasulayan punika ndakwa Nabi Musa nggadhahi trekah ingkang mboten sae, inggih punika kepengin mejahi tiyang Israel dalah para larenipun saha kewan-kewan gadhahanipun tiyang Israel punika. (Pangentasan 17:3)

Ningali kawontenan ingkang kados makaten, Nabi Musa mboten purun sulaya kaliyan para tiyang Israel.  Nabi Musa mangertos bilih pasulayan punika mboten badhe ngasilaken punapa-punapa.  Punapa malih pasulayan kaliyan sadherek-sadherekipun piyambak.  Nabi Musa trimah sowan dhateng Gusti Allah inggih punika Pangeran Yehuwah ingkang sampun ngutus dhateng panjenenganipun. 

Musa lajeng matur dhateng Allah, unjukipun, “Menapa ingkang kedah kula lampahi kanggé bangsa menika? Kawula temtu badhé dipun benturi séla.” (Pangentasan 17: 4)  Kahananipun kritis sanget, Nabi Musa badhe dipun benturi sela kaliyan umat Israel.  Nabi Musa mboten mlajar saking kawontenan, panjenenganipun mboten nampik timbalan ingkang sampun Gusti paringaken, ananging sowan dhateng Pangeran Yehuwah ingkang nggadhahi panguwaos ingkang sakalangkung ageng.

Ingkang dipun tindakaken Nabi Musa punika karenan ing ngarsanipun Gusti.  Satemah Gusti dhawuh, supados Nabi Musa nyabetaken tekenipun dhateng sela ing gunung parang ingkang lajeng kasebat Masa lan Meriba.  (Pangentasan 17:  5-6)  Nabi Musa nindakaken kados ingkang dipun dhawuhaken dening Gusti Allah, satemah wonten toya ingkang saged damel tamba ngorongipun tiyang-tiyang Israel. Papan punika lajeng kasebat Masa lan Meriba, awit tiyang Israel sampun nindakaken pasulayan lan nyobi dhateng pangreksanipun Gusti. (Pangentasan 17:7)

Pramila, menawi satunggal wekdal gesang kita katempuh ing prakawis punapa kemawon, sampun ngantos ingkang kita utamekaken tindak padudon lan pasulayan, ananging sumangga sami sowan dhateng Gusti ing pandonga, nyuwun kawicaksanan saha margining pangluwaran.  Tamtu Gusti mboten badhe negakaken kita sadaya, umat kagunganipun. Sampun ngantos mboten pitados dhateng pakaryanipun Gusti.

*) Penulis manggen ing Ambarawa

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *