Saking Pepeteng Tumuju Pepadhang

Ngudarasa119 Dilihat

Yohanes 9:1-41

Dening: Suyito Basuki *)

 ‘Kepo’ punika basa gaul ingkang tegesipun kepengin mangertos satunggaling bab ingkang nganeh-anehi tumrap piyambakipun.  Tiyang ingkang kados makaten punika badhe madosi rupi-rupi sumber pawartos, inggih saking rencang-rencangipun utawi media-media sosial.  Conto kemawon, samangke kathah tiyang, malah kula piyambak samangke punika nembe rumaos ‘kepo’ menggah perang Amerika/ Israel lumawan Iran: kados pundi larah-larahipun saha kados pundi wusananipun?

Tiyang Yahudi suwau ngraosaken raos ‘kepo’ punika rikala dumadakan mangertosi bilih tiyang ingkang wuta wiwit lair mila, saged melek mripatipun lan saged ningali jagad padhang punika.  Tiyang Yahudi pitaken dhateng tiyang punika,”Wong-wong padha takon: “Kepriyé koksaiki bisa kokenggo ndeleng? (ay. 10)  Ugi dhateng tiyang sepuhipun kanthi pitaken: Para wong Farisi nuli takon marang wong tuwané: “Apa bener anakmu iki wuta lair mula? Kepriyé déné saiki kokbisa ndeleng? (ay. 19)

Tiyang ingkang suwau wuta mangsuli kanthi prasaja bilih Yesus ingkang paring kesarasan kanthi kecoh ing siti lajeng dipun ulesaken dhateng mripatipun tiyang wuta punika ingkang njalari kesarasan tumrap mripatipun. (ay. 11)  Tiyang sepuhipun mboten paring wangsulan ingkang cetha, awit raos ajrihipun dhateng para tiyang Farisi.  Tiyang sepuhipun namung matur supados para tiyang Farisi punika miterang dhateng larenipun piyambak, awit larenipun ingkang wuta punika sampun diwasa. (ay. 20-21)

Raos ‘kepo’ yektosipun ugi dipun raosaken dening para muridipun Gusti Yesus.  Para murid sami pitaken, kenging punapa tiyang saged wuta?  Punapa punika awit dosanipun tiyang sepuhipun?  (ay. 2)  Menggah pitakenan punika Gusti Yesus paring wangsulan, bilih tiyang punika wuta, mujudaken rancanganipun Gusti supados pakaryanipun Gusti saged dipun mangertosi lumantar tiyang wuta punika. (ay. 3)

Anggenipun Gusti Yesus paring kesarasan dhateng tiyang wuta punika, ndadosaken tiyang-tiyang tinarbuka menggah Gusti Yesus punika Gusti Allah ingkang mahakuwaos, Sang Mesih ingkang tansah dipun antu-antu dening tiyang Israel saha tiyang sajagad.  Sang Mesih punika mboten namung paring kesarasan, ananging ugi kawilujengan sejatos.  Ingkang  ndadosaken gesanging manungsa nemahi saking pepeteng tumuju dhateng pepadhang.  

*) Penulis manggen ing Ambarawa

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *