Dening: Suyito Basuki *)
Menawi satunggal wekdal kula lan panjenengan wonten ing satunggaling papan, lajeng dumadakan wonten cahya sumunar ing sangajenging kita. Kinten-kinten kula lan panjenengan ngraosaken kaget punapa mboten? Tamtunipun ngraosaken kaget awit kedadosanipun tanpa kita mangertosi sabab musababipun saha ujug-ujug makaten.
Semanten ugi ingkang dipun raosaken dening Petrus, Yakobus dalah Yohanes. Sinerat ing Matius 17:1-13, tetiga murid punika satunggal wekdal dipun ajak dening Gusti Yesus minggah dhateng satunggaling redi. Mboten kanyana-nyana tetiga murid punika ningali kawontenan ingkang ngeram-eramaken. Ingkang sepisan kasebat Gusti Yesus malih rupa. Pasuryanipun sumunar saha agemanipun gilap mawa cahya (2). Lan ingkang salajengipun ingkang damel pangeram-eram inggih punika rawuhipun Nabi Musa dalah Nabi Elia, wicantenan kaliyan Gusti Yesus. Dereng purna anggenipun para murid gumun, lajeng wonten mega ingkang ngemuli ingkang padhang sanget, Saking mega punika lajeng wonten swanten : “Iki Putra-Ku kinasih, sing gawé renaning penggalih-Ku. Padha rungokna!” (5) Sanalika para murid lajeng ngraosaken ajrih sanget ngantos sumungkem ing bumi (6).
Para murid mangertos bilih prastawa punika prastawa ingkang kebak ing kamulyan. Pramila para murid ngraosaken katentreman lan remen manahipun. Petrus lajeng matur,”Gusti! Wonten ing ngriki kita sami remen saèstu! Menawi Gusti marengaken, kawula badhé ngedegaken tarub tiga; setunggal kagem Gusti, setunggal kagem Nabi Musa lan setunggalipun malih kagem Nabi Élia.” (4).
Namung kemawon, kawontenan ingkang kebak ing kamulyan punika badhe kagantos kanthi kawontenan ing kasangsaran. Gusti Yesus meca bab punika, “Poma, apa sing kokdeleng mau aja kokkandhakaké karo sapa waé, sadurungé Putrané Manungsa kawungokaké saka ing séda.” (9)
Para murid kalawau dados seksi kamulyanipun Gusti. Pramila saksampunipun Gusti Yesus seda saha wungu saking pepejah, para murid punika sengkud anggenipun mbabaraken Injil. Sinaosa nandhang sangsara kadosdene Gusti Yesus, ananging kamulyanipun Gusti Yesus dados kakiyatan saha panglipuring para murid kalawau. Mugi bab punika ugi ngiyataken kita ing samangke anggen kita ndhedherek dhateng Gusti, dadosa mulya dadosa sangsara.
*) Penulis manggen ing Ambarawa










