Warsa 2026, Kedah Dibakuh, Ditanpa Gingsir, Saha Di Sregep Leladi Gusti

Ngudarasa108 Dilihat

Dening: Suyito Basuki *)

Punapa kula lan panjenengan nate nglokro anggen kita ndherek saha leladi dhumateng Gusti?  Pinangka manungsa limrah, tamtu satunggal wekdal nate ngraosaken bab ingkang kados makaten.  Punapa ingkang kdah kita tindakaken? Sumangga sinau saking 1 Korinta 15:56-58.

Ingkang sepisan: Kedah dibakuh.  Tembung “dibakuh” menawi wonten ing alkitab basa Indonesia terbitan LAI punika katelah “kuat”.  Ing alkitab basa Inggris versi King James dipun sebataken “stedfast” ingkang tegesipun setya.  Ing basa Yunani tembung punika katelah “hedraios” ingkang mawa teges lungguh, ora obah, kukuh, teguh, bakuh.

Menawi lajeng dipun jumbuh-jumbuhaken, tembung “dibakuh” punika nggadhahi pangertosan kawontenan tiyang pitados ingkang tansah ngugemi, mboten gampil kengguh, tetep setya anggenipun ndherek lan leladi dhateng Gusti.

Angka kalih: Kedah ditanpa gingsir.  Tembung “ditanpa gingsir” menawi wonten ing alkitab basa Indonesia terbitan LAI punika kasebat “jangan goyah”.  Ing alkitab  basa Inggris versi King James dipun sebataken “unmoveable” ingkang tegesipun mboten saged dipun obahaken utawi mboten saged dipun ingeraken.  Ing basa Yunani tembung punika katelah “amitakinetos” ingkang tegesipun mboten saged kageser saking papanipun, malah mboten obah.  Punika tembung entar/ kiasan ingkang mawa teges kukuh, bakuh ing pemanggih.

Menawi lajeng dipun jumbuh-jumbuhaken, tembung “ditanpa gingsir” punika nggadhahi pangertosan kawontenan tiyang pitados ingkang mboten saged dipun pengaruhi kaliyan punapa kemawon anggenipun ngantepi ndherek lan leladi dhateng Gusti.  Tiyang pitados punika paribasanipun “dadosa ilir” tetap ngantepi anggenipun ndherek lan leladi dhumateng Gusti.

Angka tiga: Kedah di sregep.  Tembung “di sregep” menawi wonten ing alkitab basa Indonesia terbitan LAI punika katelah “giatlah”.  Ing alkitab basa Inggris versi King James dipun sebataken “always abounding” ingkang tegesipun tansah luber.  Ing basa Yunani tembung punika katelah “perisseuo” ingkang mawa teges nglangkungi takeran ingkang dipun tetepaken malah kepara turah.  Tembung punika ugi nedahaken kawontenan ingkang luber-luber, mratelakaken kahanan ingkang makmur lan unggul.

Menawi lajeng dipun jumbuh-jumbuhaken, tembung “disregep” punika nggadhahi pangertosan kawontenan tiyang pitados ingkang tansah nggadhahi semangat ingkang mboten nate kendho lan malah turah-turah semangatipun anggenipun ndherek lan leladi dhateng Gusti.

Kita sadhar bilih gesang kita sampun dipun luwari Gusti saking dosa (ay. 56), saha pangajeng-ajeng ing tembe badhe wonten sembulih ingkang ndadosaken gesangipun tiyang pitados anggenipun ndherek lan leladi dhumateng Gusti punika mboten muspra (ay. 58).

Mangga ing warsa 2026, sangsaya dibakuh, ditanpa gingsir, saha di sregep anggen kita leladi Gusti, Gusti mberkahi.

*) Penulis manggen ing Ambarawa

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *