SEMARANG, wartainetgritas.com – Ing sawetawis wekdal ing media massa kita nate mireng lan maos, wonten prastawa ingkang nggegirisi. Wonten satunggaling lare sekolah nindakaken panganiaya dhumateng adhik kelasipun ngantos adhik kelasipun punika nemahi pralaya. Ingkang dados gawokipun tiyang kathah, ing ngatase lare kok ngantos kuwawi damel kacilakan ageng, ngantos damel mirising manah. Tumunten tuwuh pitakenan, kados pundi lare punika dipun-gulawenthah ing griya, ing kulawarganipun? Wonten pangandika mekaten: “Wong anom iku gulawenthahen manut dalan kang laras tumrap dheweke, samangsa wus tuwa ora bakal nyleweng saka dalan iku.” (Wulang Bebasan 22:6).
Panggulawenthahing para lare kawiwitan saking kulawarga lan tiyang sepuhipun, lumantar pawicanten lan tatakrami. Piwucal ingkang tumanem ing pikiran lan manahipun lare saged dados padatan (kebiasaan), ingkang wusananipun dados kapribaden (karakter) lare ing gesangipun, wiwit saking umur anem ngantos diwasa. Saking panggulawanthah ingkang mekaten saged mbentuk lare mangertos lan mbentenaken pakarti; pundi ingkang sae lan pundi ingkang awon lan duraka. Pramila kalenggahan (peran) tiyang sepuh wigatos sanget menggahing kapribadenipun para lare, ingkang badhe sinandhang ing gesang salajengipun. Mekaten ugi kawontenan pasrawungan nggadhahi kalenggahan ingkang wigatos, tiyang sepuh prelu sanget migatosaken pasrawungan para lare punika. “Kowe aja padha kesasar: Sesrawungan kang ala iku ngrusak padatan kang becik.” (1Korinta 15:33).
Minangka tiyang sepuh, kita prelu nggatosaken kawontenan kapribaden lare-lare kita, tansah njagi lan nggulawenthah para lare ing kawontenan kapribaden ingkang leres. Dene kapribaden ingkang leres inggih punika kapribadenipun Sang Kristus, linambaran katresnan, kawicaksanan nengenaken pasedherekan lan guyub rukun dhumateng sedaya tumitah. Pagesanganipun para lare katemtokaken kaliyan kebiasaan ingkang dados kapribaden, tumanem saking griya minangka wohing panggulawenthipun tiyang sepuh. Mekaten ugi wohing pasrawungan ing lingkunganipun ingkang sae. Lingkungan ingkang njanjekaken pasrawungan sae, katitik wontenipun piwucal lan nilai-nilai patuladhananipun Sang Kristus, ing pasamuwan, sekolah lan pabrayan (masyarakat). Malah kepara para lare punika sageda ndayani ing pasrawungan minangka para abdinipun Sang Kristus.
Dening : Iskandar MZ










