Dening: Suyito Basuki *)
AMBARAWA – wartaintegritas.com – Jenenge pengalaman pertama utawa durung taune ngono pancen repot. Coba dipenggalih, aku iki jaman semana durung suwe nampa SK dadi Pembantu Pegawai Pencatat Perkawinan Kabupaten Jepara lan lagi wae ditahbisake pinangka pandhita pasamuwan, banjur kudu nindakake pemberkatan nikah suci lan BS utawa nikah sipil neng greja sing wektune ngarep karo mburi. Nikah suci lan BS tanggal 1 Mei lan nikah BS tanggal 2 Mei.
Neng ngomah banjur njlimet nyinau bab liturgi lan pratelan pernikahan. Gandheng ana wektu konseling pranikah, mula banjur dak anakake gladhi bersih barang. Pamrihe supaya acara neningkahan sing bakal dak pimpin bisa lancar lan ngesrepake kabeh sing padha rawuh. Jan-jane ben pandhitane ora kikuk, ngono wae. Lagi sepisan tur iku adicara sing resmi lan mirunggan tumprap pasamuwan lan sing kagungan kersa. Nek bisa aja nganti nguciwani, ngono.
Dak kira persiapan wus lumayan, tanggal 30 April, ngarepake tanggal 1 Mei, aku turu nglepus. Esuk umun-umun aku tangi, ujug-ujug atiku rodo goreh. “Kira-kira mengko piye ya?” Ngono batinku. Ndadak neng ati kok timbul pitakonan maneh,”Mengko nek nggedhog resmine nganten piye ya?”
Neng greja pancen wus kasediyakake palu saka kayu. Palu iku kang digunakake kanggo nggedhog putusan resmi penganten sawise akte perkawinan diwacakake. Aku banjur ngeling-eling para bapa pandhita kang nate nindakake jejibahan nggedhog manten. Kaping pira ya anggone nggedhog? Nek jaman orde baru kae, rektor universitasku nggedhog palu utawa nabuh gong kanggo ngresmekake apa wae nek orang kleru ping 2, awit jaman semono Golkar nomere 2. Kaya-kaya kok ora tau nggedhog utawa nabuh kaping 3, awit jaman semono PDI nomere 3.
Kang leladi ngresmekake penganten sacara pamarentahan, sadurunge ing grejaku ing antarane yakuwi: Bp. Pdt. Muhtomo (GITJ Kedung Mulyo) saiki wus emeritus, Bp. Pdt. Samikhan, B.Th. (GITJ Jeruk Wangi) uga wus emeritus, lan Bp. Pdt. K. Subari, B.Th. (GITJ Pakis Suwawal) uga wus emeritus. Kepriye anggone pada nggedhog manten? “Ah mbok uwis, ngono wae dipikir kanthi memet.” Ngono batinku. Ning ya kuwi, wong ya durung taune lan lagi sepisanan, mula samubarang sing miturut pamawas priyayi liya ora perlu kok ya nusu-nusu dadi perlu. Tur nek bisa, nadyan nindakaken barang kang sederhana, nek bisa ya nduwe konsep, sapa ngerti ditakoni dasar-dasare karo kanca utawa warga greja.
Nek nggedhog ping pisan utawa pindho kaya adat sabene piye ya? Kok rasane kurang, lan kesane umum, ora khas. Nek ping telu piye ya? Iku apik, ning njur maksude apa? Tur ya wus umum. Nek ping 7 piye ya? Dak pikir iki apik, awit dhasare, Gusti Allah nitahake langit bumi lan sakisen-isene ditambah dina sabat ana pitung dina. Tur dijumbuhake neng pedhalangan, dhalang ndhodhog kaping 7 mono kanggo ngisyarat gendhing bakal kawiwitan, nek neng nggon penganten, bisa dijelasake urip anyar ing bebrayatan bakal kawiwitan. Apik tur ana dhasare, ning kok nggedhoge rada kesuwen.
Nek dijumbuhake karo kendhang pambuka gangsaran piye ya. Sakelingku priyayi nabuh gamelan gangsaran kuwi kawiwitan saka buka kendang, terus ditampa gong ageng. Nek ora kleru ngene: Tak-Dang-Tak-Dang-Tak-Dung-Gong. Wah iki konsepe apik, nggedhog manten nirokake kendhang pambuka gangsaran. Miturut wulangan sing tau dak tampa gendhing gangsaran kuwi ngemu pengarep-arep supaya pahargyan bisa gangsar utawa lancar, golek rejeki ya dadia gangsar lan sakpiturute. Mulane gendhing gangsaran bisa dtabuh sakdurunge pentas wayang kulit utawa malah sakbubare. Ngemu surasa kapuji pentase gangsar utawa anggone golek rejeki sakbanjure ora ana alangan apa-apa.
Ning manawa dak etung, kok nggedhog ndadak ping 7, harak kedawan? Ngene wae, wis ben rada umum, piye nek dak jukuk sing separo wae, ning tetep nggedhog nganggo irama kendang pambuka gangsaran? Piye nek formulasine nggedhog ngene? Dhog-dhog-dhe-dhog. Ping telu, swara ‘dhe’ antuk nilai ½ kaya nggon kendhangan pambuka gangsaran, swara ‘Dang’ antuk nilai ½. Swara ‘dhog’ antuk nilai 1. Rumangsa wus antuk konsep aku bungah.
Neng ngarepe nganten aku banjur nggedhog “Dhog-dhog-dhe-dhog”. Kinanthi pandonga, mugi-mugi samya gangsar ingkang andon katresnan ing saklebeting bebrayatan agung. Apa kang wus katunggalake dening Gusti datan kena kapisahake dening manungsa. Gangsar nir hing rubeda, tinebihna hing sambekala. Amin.
*) Penulis mapan ing Ambawara










