Gesang Sugih

Ngudarasa75 Dilihat

Dening: Suyito Basuki*)

Wonten ing salah satunggal grup Face Book, satunggaling anggota tanglet,”Kepriye bisane urip sugih?”  Lajeng wonten rupi-rupi pamanggih.  Wonten ingkang mungel kedah ‘kerja keras’.  Ananging wonten ugi ingkang usul supados pados pesugihan.  Malah wonten ingkang usul supados ngopeni tuyul, sakniki turenipun wonten tuyul ingkang ‘second’ utawi bekas ingkang temtunipun reginipun mboten patosa awis.  Ah wonten-wonten mawon…

Namung panci saestu bilih meh sedaya tiyang kepengin gesangipun punika sugih.  Awit menawi sugih, pemanggihipun sadaya prekawis saged katindakaken lan ugi tetedhan punapa kemawon saged dipun raosaken.  Conto kemawon, tiyang sugih saged kekesahan dhateng pundi kemawon, ananging tiyang mlarat, mboten saged kesah dhateng pundi-pundi, awit mboten gadhah arta ingkang cekap utawi kendaraan ingkang mumpuni.

Kitab Wulang Bebasan 10:4 paring resep kados pundi tiyang gesang punika saged sugih.  Dipun pratelakaken ing alkitab basa Jawi padintenan,” Sing sapa nyambut-gawé ora cékat-cèket dadi mlarat, nanging tangané wong sregep ndadèkaké sugih.”  Tembung cekat-ceket wonten tembung sanesipun inggih punika klemer, ora cak-cek.  Wah punika gawat, awit saged ndadosaken tiyang dados mlarat.  Kosok wangsulipun tiyang ingkang sregep ingkang ndadosaken gesang sugih.  Punapa ta tegesipun tembung sregep punika?  Ing Kamus basa Jawi tembung krama ngoko sregep punika ngemu teges: taberi; kanthi mempeng sarta telaten; seneng tumandang gawe; ora kesed.

Dados caranipun tiyang saged sugih punika mboten wonten sanes kejawi gesang ingkang sregep.  Sumangga ing tahun 2026 punika, menawi gesang kita kepengin sugih, sami-sami ningkataken kinerja kita.  Menawi panjenengan guru ingkang kedah nyambut damel ingkang kanthi saestu pinangka guru, semanten ugi tiyang tani, buruh, malah kepara ugi para paladosing pasamuwan.  Menawi dereng dipun paringi sugih bandha ing tahun 2026 punika, paling mboten kita badhe sugih kanca, sugih pengalaman ingkang saged dipun dadosaken conto dhateng sanak sadherek dalah kulawarga.

*) Penulis manggen ing Ambarawa

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *