Pracaya ing Kayekten

Ngudarasa67 Dilihat

Dening: Suyito Basuki*)

Kita mbayangaken bayi ingkang katemben kalairaken.  Saderengipun kalairaken saking guwa garba sang ibu, bayi punika wonten ing kahanan ingkang sarwi winates.  Sasampunipun bayi kalairaken, mangertos hawa padhanging jagad, jabang bayi punika lajeng saged polah sapikajenganipun awit kahanan ingkang bawera.  Semanten ugi, si jabang bayi ugi badhe nggadhahi mekaripun badan saha karohanen ingkang langkung prayogi.  Kanthi makaten bayi kalawau badhe wuwuh dados lare, remaja, pemuda, ngancik kadiwasan lan salajengipun satemah saged nggadhahi panjangka saha nggayuh panjangka kalawau.  Kawontenan ingkang dipun wiwiti saking jabang bayi punika lajeng dados tiyang ingkang nedhakaken turun ing salajengipun.

Rikala jabang bayi punika miyos saking guwa garba ibunipun, punapa ingkang dipun raosaken dening tiyang sepuh dalah kulawarganipun?  Ingkang umum, sadaya ngraosaken kabingahan ingkang ageng.  Menawi ing kabudayan Jawi, tiyang sepuhipunj badhe ngawontenaken upacara krayanan, selapanan lan sapiturutipun.  Malah jaman suwau, kangge mratelakaken raos sokur saha kabingahanipun tiyang sepuh punika badhe nanggap kesenian Jawi kadosta wayang kulit  lan sapiturutipun.

Kabegjan tampi kawilujengan (Foto: GPdI Sorengan)

Rikala Gusti Yesus dhawuh dhateng Nikodemus, tiyang Farisi utawi ahli agama Yahudi punika,”Sira kudu kalairake maneh,” punika nggadhahi pangangkah supados Nikodemus punika ngalih saking kadonyan ingkang peteng saha sarwi winates dhateng tatanan ingkang enggal, ingkang padhang saha lumintu berkah-berkahipun Gusti ingkang mboten winates.  Awit ing tatanan gesang ingkang enggal punika, piyambakipun badhe tampi kawilujengan ingkang langgeng. 

Syaratipun lumebet ing tatanan ingkang enggal punika, ingkang dipun sebat kalairaken malih ing waosan Yokanan 3:1-21 inggih punika:

  1. Mboten ngendelaken kapinteran ing babagan agama, sampun ngleksanani aturan-aturaning agama, nindakaken amal kesaenan (ay. 1),
  2. Kedah pitados dhateng Putraning Allah inggih punika Gusti Yesus ingkang sampun miyos ing jagad punika, nebus dosaning manungsa kanthi sinalib ing ardi Golgota (ay. 16),
  3. Gesang ing salajengipun gesang ing salebeting pepadhang inggih punika gesang ingkang mbangun turut kaliyan Sabdanipun Allah (ay. 19-21).

Gusti mberkahi kita sadaya, amin.

*) Penulis manggen ing Ambarawa

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *