Urip Iku Urub

Ngudarasa160 Dilihat

SEMARANG, wartaintegritas.com – Bumi gonjang ganjing nalika ana Perang Donya kapindho, kapal induk Amerika Serikat lelayaran ing samudra Pasifik. Damar kapal ora diurubake babar pisan, dimen ora kadenangan dening mungsuh. Kapal induk kuwi kejaba kanggo ngangkut uba rampe (logistik) paperangan, uga kanggo ndharat montor mabur perang. Marga lampu kapal ora ana sing murub, mula nalika montor mabur sing arep ndharat neng kapal mau ora bisa menclok, marga peteng ndhedhet. Mung bisa kekliteran neng awang-awang Pasifik, marga ora bisa meruhi dununge kapal kanthi pener. Wusanane pilot montor mabur kuwi kandha marang navigator kapal: “Urubna damare sedhela, mengko nek aku wis ndharat, mbok pateni maneh, sakarepmu.” Mangkono kira-kira tembunge pilot mau. Sawise lampu diurubake, pesawat perang mau lagi bisa ndharat ing kapal induk kasebut kanthi slamet.

Uripe manungsa kuwi paribasane kaya urube damar, sing bisa dadi cecala lan madhangi sakiwa tengene panggonan. Mangka uripe manungsa kuwi mung sadhela, mula udinen pepadhange urip iki bisa tansah dijaga supaya tetep lestari, sadawane kita urip ing ngalam donya iki. Nindakake kabecikan sumprihe wong liya bisa ngrasaake kabecikan kuwi, temahan bisa uga ngrasaake bagya mulya ing uripe marga bisa melu ngrasaake pepadhang saka kita. Yen urip iki bisa urub, tegese kita bisa nyunarake pepadhang sing ana mupangate. Pepadhang kuwi mung tembung pasemon, kayadene kapal induk sing aweh cecala lan bisa kanggo ndharat montor mabur, marga lampune murub.

Ing pangucap lan tumindak kang becik bisa migunani mungguhing wong sakiwa tengene, sokur bage bisa murakabi kanggo pabrayan agung (masyarakat). Bisa dadi pepadhang marang wong sakiwa tengen kita, kayadene tetembungan mangkene: yen ana wong sing keluwen kaduga menehi pangan, menawa ana sing kawudan menehi sandhangan, lamun ana sing kalunyon menehi teken. Nanging manawa ora bisa tumindak sing mangkono, saora-orane bisa ngentheng-enthengi wong sing mbutuhake, utawa melu ngupaya supaya wong mau entuk pitulungan.

Bisaa menehi pepadhang marang wong kang nembe ngalami prekara ing uripe. Ora mung bab sandhang lan pangan wae, ananging bisa uga iguh pratikel sing dibutuhake dening wong sing lagi ngalami ruwet renteng ing uripe. Kejaba saka kuwi dadi pepadhang kuwi bisa gawe tentrem ing urip iki. Ora mung kanggo dhiri pribadine utawa kulawargane dhewe, nanging bisaa njalari urip tentrem ing pabrayan agung. Sabisa-bisane urip iki mahanani murakabi lan gawe tentrem rahayu ing urip bebarengan karo sapadha-padha tumitah. Kabeh mau katindakaken sarana ati kang resik tulus ikhlas, linambaran katresnan murih becike urip guyub rukun bebrarengan, murih bagya mulya mungguhing urip ing jagad iki.

Dening:  Iskandar MZ    

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *