Roma 11:1-6;29-32
Dening: Suyito Basuki*)
Rasul Paulus nyerat dhateng pasamuwan Roma ingkang wradin-wradin dede tiyang Yahudi. Pasamuwan sampun mangertos sujarahipun kekristenan. Ing sakawit Gusti miji umat Israel pinangka dados kagunganipun. Wiwit rama Abraham ingkang dipun piji dening Gusti Allah, Sang Yehuwah, lajeng sumrambah dhateng tedhak turunipun, Ishak, Yakub, Israel ingkang pungkasanipun tampi kamulyan, saged ngedegaken karajan Israel.
Ananging tumindakipun tiyang Israel sanget nguciwani. Nabi Elia nggugat dhumateng Gusti,”Dhuh Pangéran, tiyang Israèl menika sampun sami mejahi nabi-nabi Paduka, mekaten ugi sampun sami ngrisak mesbèh-mesbèh Paduka, ngantos kantun kawula piyambak ingkang taksih gesang, mangka tiyang-tiyang menika samenika inggih ngangkah mejahi kawula.” (ay. 3) (cobi maos 1 Raja 19:10)
Nabi Elia rumaos buneg manahipun ngadhepi tiyang Israel, awit umat punika sampun pikantuk prasetya saha katresnanipun Gusti ananging mboten males katresnanipun Gusti kanthi patrap ingkang sae, malah nyidrani dhateng para utusanipun Gusti ingkang ngemutaken dhateng tumindakipun bangsa Israel ingkang nasar. Tamtu kemawon ing batos Elia nggadhahi panyuwunan dhateng Gusti, menawi saged umat Israel dipun sirnakaken kemawon.
Ananging wangsulanipun Gusti,”Isih ana wong pitung èwu sing Dakngèngèh kanggo Aku dhéwé, sing durung tau nyembah marang Baal.” (ay. 4) Tegesipun, Gusti Allah mboten badhe nyirnakaken tiyang Israel awit pambalelanipun, kosokwangsulipun Gusti Allah badhe netepi prasetyanipun dhateng rama Abraham (Purwaning Dumadi 12:1-3), tiyang Israel gesang binerkahan saha ndadosaken berkah tumrap bangsa sanes.
Prasetya saha katresnanipun Gusti Allah punika kekah, mboten miyar-miyur kadosdene janji saha katresnanipun manungsa. Pasamuwan Roma, ugi pasamuwan ing samangke, ingkang sampun dipun piji Gusti saderengipun jagad katitahaken (cobi maos Efesus 1:4) inggih badhe tetep dipun berkahi dening Gusti. Rasul Paulus mratelakaken,”Déné pamilihé Gusti Allah kuwi ora gumantung saka penggawéné wong-wong mau, nanging alandhesan sih-rahmaté Gusti Allah piyambak. Menawa pamilihé Gusti Allah mau gumantung saka penggawéné utawa labeté manungsa marang Gusti Allah, sing diarani sih-rahmat mau banjur wis dudu sih-rahmat menèh.” (ay. 6)
Pramila kita pasamuwan ing samangke, sampun ngantos mangu-mangu anggenipun ndherek Gusti. Gusti badhe netepi prasetya saha katresnanipun kados ingkang sampun kalampahan dhateng tiyang Israel. Prasetya lan katresnanipun Gusti punika tan jinajagan, mboten saged dipun jajagi dening alam pamikiranipun manungsa. Elok saha endah sanget! Pramila sumangga tansah ngeneraken gesang leladi, tresna asih mring sesami, mbabaraken Injil Kabingahan, pawartos ingkang paring kaslametan sejati.
*) Penulis manggen ing Ambarawa













