Dening: Suyito Basuki *)
Sinten ing antawis kita ingkang nate ingah-ingah raja kaya, upaminipun ngingah menda utawi lembu? Rikala kula taksih remaja, sekolah wonten ing tataran SMP, kula nate kapurih ingah-ingah menda kaliyan simbah kula. Kula dipun paringi simbah cempe, supados kula ingah kaliyan mendanipun simbah. Simbah punika blantik menda, pramila menda-menda dipun tumbas lan mangke menawi pasaran, menda lajeng dipun sade.
Kangge ngopeni menda punika, kula meh saben dinten pados suket. Kaleresan wonten rencang-rencang kampung ingkang tiyang sepuhipun ugi ngingah menda. Milanipun, kita lajeng sareng-sareng pados rumput ing tegalan, ing pinggir lepen malah kadhang kawis kula sakanca kedah nyebrang lepen, nyunggi kranjang ingkang bidhalipun kosong, nanging wangsulipun kebak suket. Badan saha rasukan ingkang teles kebes sampun mboten dipun gagas, ingkang baken, menda ing griya mboten gemboran keluwen.
Rikala kita midhangetaken pangandikanipun juru mazmur, ingkang mratelakaken bilih Gusti Allah inggih Sang Yehuwah punika “Pangen”-ipun, kanthi mantep juru mazmur punika nggadhahi dudutan bilih gesangipun mboten badhe nandhang “kakirangan” punapa-punapa. Cobi dipun gatosaken Yabur 23:1: “Masmur anggitané Dawud. Gusti Allah kuwi Pangènku, aku ora kekurangan apa-apa.”
Ing kahanan punapa juru mazmur punika ngraosaken mboten kakirangan punapa-punapa? Ing sadaya kawontenan! Rikala juru mazmur ingkang kita tafsiraken Daud punika taksih mudha taruna pinangka pangen menda ngantos sinengkakaken dados raja gung binethara ing negari Israel, piyambakipun ngraosaken kahanan punika. Rikala mudha taruna piyambakipun dipun paringi kekendelan lumawan beruang lan singa ingkang ngancam tumrap pepanthan kewanipun. Rikala lumawan Goliath lan rikala ngadhepi paprangan lumawan bangsa manca, Gusti tansah paring kemenangan. Daud kapetang raja ingkang taneg anggenipun ngraosaken kabegjaning gesang, amargi piyambakipun nggadhahi keyakinan bilih Gusti Allah punika Pangen tumrap gesangipun!
Ngadhepi gesang ing samangke, prayogi kita ugi nggadhahana iman kados dene Daud, iman ingkang timbul awit pengalaman-pengalamanipun Daud ingkang sampun nyata. Kuwatir, was sumelang setunggal wekdal punika limrah, ananging sampun ngantos kadlarung. Gusti Allah inggih Pangeran Yehuwah pinangka Pangen kita, badhe mitulungi gesang kita, satemah kita mboten kakirangan punapa-punapa. Sumangga sami pitados bab punika!
*) Penulis manggen ing Ambarawa










