Yeremia 23:1-2
Dening: Suyito Basuki *)
Saben enjang, kula kaliyan semah ngusahakaken maos kitab suci 1 pasal. Kawiwitan saking kitab Yabur, Wulang Bebasan, Kohelet (Juru Kotbah), Kidung Agung, Yesaya, lan samangke sampun dumugi ing kitab Yeremia. Rikala dumugi Yeremia 23, kula ingkang maos ayat sepisanan, lajeng kandheg, spontan ngucap,”Wah ayat iki sing paling ora disenengi para pangon.” Tembung kula punika semu guyon, mbok menawi semah kula saged ngraosaken bab punika.
Ayat punika mratelakaken pangandikanipun Gusti,”Cilaka para pangon sing njalari umaté Allah tumpes lan kocar-kacir! Pangandikané Pangéran, Allahé Israèl marang para raja lan wong-wong sing mesthiné kudu ngrumati umat kagungané Allah, “Kowé padha ora mbeciki umat-Ku, malah padha kokbuyaraké lan kokgusahi. Saiki kowé bakal Dakukum merga piala sing koklakoni.” (ay. 1-2)
Ayat punika dipun pratelakaken Nabi Yeremia, awit para imam, nabi saha pangarsaning nagari sami mboten pitados kaliyan punapa ingkang dipun wartosaken Nabi Yeremia. Nabi Yeremia ngatag dhateng tiyang Yehuda supados mratobat saking dosa-dosanipun sarta mboten lumawan dhateng Asyur utawi Babil. Ananging para pangon punika malah atur pawartos kosokwangsulipun. Lan punika dipun gega dhateng para raja Yehuda jaman suwau. Malah Nabi Yeremia lajeng dipun cepeng, dipun ukum lan badhe dipun pejahi.
Para pangon jamanipun Nabi Yeremia punika, anggenipun ngendikan, mawi pawadan bilih punika pangandikan saking Gusti, sejatosipun mboten. Punika namung pemanggih pribadi ingkang namung supados kalenggahanipun mboten gonjing awit pikantuk pidana saking raja. (ay. 17-21)
Punika ingkang lajeng dipun wastani para pangon ingkang kasebat “njalari umate Allah tumpes kocar-kacir!” Para pangon ingkang makaten punika ingkang dipun sebat badhe nemahi cilaka!
Samangke, menawi kula pikantuk undangan ndugeni penahbisan pendeta, ingkang kula gatosaken mboten reropyan anggenipun nyubya-nyubya pendeta anyar punika. Ingkang kula gatosaken pakaryan ing salajengipun, ingkang wosipun pakaryan ingkang kebak ing leladi saha panandhang ingkang kados dipun alami dening Nabi Yeremia, awit Nabi Yeremia punika nindakaken pakaryanipun pinangka pangon kanthi sae lan samesthinipun. Ing pista penahbisan punika, kula ndherek ndedonga, mugi pendeta anyar punika dados pangon ingkang sae kados dene Nabi Yeremia. Pramila gesangipun mboten winastan ala lan nemahi pikoleh cilaka!
*) Penulis manggen ing Ambarawa
















