Setya ing Pakaryan ingkang Kawawas Asor, Ndadosaken Kaluhuran

Ngudarasa252 Dilihat

Dening: Suyito Basuki *)

KAB. SEMARANG, wartaintegritas.com – Dereng dangu punika dipun wartosaken bilih wos utawi beras awis, reginipun ngantos kalih welas ewu rupiah.  Tiyang-tiyang, mirungganipun ibu-ibu Subang Jawa Barat dipun wartosaken ngasag wonten ing sawah-sawah ingkang nembe kemawon dipun paneni.  Saben dintenipun ibu-ibu ingkang ngasag punika pikantuk 5 liter. Mangke menawi sampun dipun giling dados beras 2,5 liter.  Ibu-ibu ingkang sami ngasag ngginakaken beras punika kangge kabetahan tedhan ing saben dintenipun.

Ing Kitab Rut dipun cariyosaken bab pakaryan ngasag punika.  Ngasag ngemu teges pakaryan ingkang dipun tindakaken kanthi mendhet pantun ingkang kantun lan mboten dipun pendhet kaliyan tiyang ingkang panen.  Mbok menawi punika meh sami kaliyan pakaryan pemulung ing jaman samangke.  Rut nindakaken pakaryan punika krana satunggaling kawontenan.

Dipun cariyosaken bilih Rut punika wanita Moab ingkang dipun pendhet semah kaliyan salah satunggaling lare jaleripun Naomi rikala Naomi dalah Elimelekh kakungipun ngulandara ing tanah Moab dalah kekalih lare jaleripun ingkang nama Mahlon kaliyan Kilyon.  Sasampunipun  semahipun Naomi tilar donya samanten ugi lare jaler kekalih kalawau, pramila Naomi wangsul ing tanah wutah rahipun inggih punika ing kitha Bethlehem.  Orpa mantunipun wangsul dhateng tanah Moab ananging Rut nggekeng anggenipun badhe ndherekaken Naomi.  Tembungipun Rut ingkang nedahaken imanipun dhateng Gusti Allahipun tiyang Israel makaten,”… Bangsanipun ibu, inggih bangsa kula; Allahipun ibu, inggih Allah kula.” (1:16)

Naomi ingkang sampun mboten gadhah punapa-punapa ing Betlehem ndadosaken Rut kedah nyambut damel inggih punika nindakaken pakaryan ‘ngasag’ punika.  Ananging begja tumrap tiyang-tiyang ingkang ngendelaken Gusti Allah Israel pinangka Gusti Allahipun.  Rut ingkang nggadhahi kapercayan bilih inggih Sang Yehuwah Gusti Allahipun tiyang Israel punika Gusti Allah ingkang milujengaken, pikantuk pitulungan saking Gusti Allah ingkang ngedab-edabi.  Rut pikantuk kamirahan saking Boas supados Rut ngasag kanthi mardika ing sabinipun Boas lan malah kepara Boas dhawuh supados tiyang-tiyang pawestri ingkang maneni gandum nglolosi bentelan gandumipun supados Rut saged pikantuk kathah gandum anggenipun ngasag.  Lan malah kepara Rut pikantuk jaminan kemanan kaliyan Boas kanthi dhawuh supados para tiyang jaler ingkang nyambut damel ing sabinipun mboten pikantuk ngganggu damel dhateng Rut.

Pungkasanipun kita mangertos bilih Rut dipun alap semah Boas lan nglairaken bayi kakung ingkang nama Obed ingkang ing tembe dados ramanipun Isai ingkang nedhakaken Daud ratu ing Israel sasampunipun Prabu Saul lengser awit mboten saged njagi kalenggahanipun ingkang luhur minangka ratu ingkang sakawit kapiji dening Gusti!

*) Panganggit manggen ing Ambarawa

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *