Gesang ing Salebeting Anugrah

Ngudarasa18 Dilihat

(Matius 20:1-16)

Dening: Suyito Basuki *)

Wonten tiyang ingkang gadhah kebon anggur mbetahaken buruh.  Ing wayah enjang piyambakipun medal pados buruh.  Pikantuk tiyang buruh punika lan purun dipun bayar 1 dinar.  Jam 09.00 medal malih pados tiyang buruh, pikantuk.  Lajeng medal pados buruh malih ing jam 12.00, 15.00.  Jam 17.00 tiyang punika medal malih, pinanggih kaliyan tiyang-tiyang ingkang nganggur lajeng dipun taros nyambut damel ing kebun angguripun.  Rikala sampun surup, sedaya buruh punika lajeng dipun bayar 1 dinar.  Buruh ingkang dugi enjang sami meri dhateng buruh ingkang dugi sonten, awit nampi bayar ingkang sami 1 dinar. 

Ingkang kagungan kebon anggur lajeng ngendikan,” Lo, aku rak ora keluputan karo kowé. Kowé rak wis sarujuk nampa opah sedinar sedina?  Tampanana opahmu lan lungaa. Iki wis dadi karepku mènèhi wong sing mlebu kèri dhéwé padha karo sing dakbayaraké marang kowé.  Apa aku ora olèh migunakaké barang-barangku dhéwé manut sakarepé atiku? Apa sebabé kowé mèri yèn aku loma marang wong liya?’ (ay. 13-15) Punika gambaran bilih anugrah punika sipatipun peparing ingkang mboten kanyana-nyana. 

Rasul Paulus ngendika dhateng jemaat Rum bilih Gusti Allah punika paring pangapunten rikala kita nembe sekeng lan dosa.  (Rum 5:8-10)  Pramila kanthi makaten dhateng pasamuwan ing Rum Rasul Paulus ngengetakan supados kita mboten ndlarung ing dosa.  Sampun ngantos nggadhahi pemanggih, saya mempeng anggen kita nindakaken dosa ndadosaken anugrah punika sangsaya nyata.  (Rum 6:1) 

Kita ingkang gsang ing salabeting anugrah kedah ndugekaken anugrah punika dhateng tiyang sanes.  Menawi kita sampun rumaos kapotangan katresnan dhateng Gusti, inggih kedahipun kita mangsulaken katresnan kita punika lumantar nindakaken katresnan dhateng tiyang sanes lan tamtu kemawon ugi dhateng Gusti.

Kanthi lampah ingkang kados pundi?  Kanthi paring pangapunten dhateng sesami kanthi eklasing ati, kanthi nindakaken pangabekti dhateng Gusti kanthi sakatoging budi lan sanes-sanesipun.

*) Penulis manggen ing Ambarawa

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *