Dening: Iskandar MZ*)
SEMARANG, wartaintegritas.com – Kocap kacarita, Bambang Ekalaya sing uga kasebut Palgunadi kuwi sawijining pangeran mangkubumi saka negara Paranggelung. Mulane besuk yen ramane, Prabu Hirayandanu lengser keprabon, ora wurung sing dadi ratu Palgunadi. Sanadyan wis dadi calon ratu nanging atine ora jenak, marga kupinge kebrebegen kondhange Permadi saka negara Astina sing juwara olah kridhaning jemparing. Prasasat wong sadonya ora ana sing bisa nandhingi kaprigelane Permadi. Mula kanthi tekad kang golong gilig Ekalaya arep maguru marang Resi Durna sing dadi gurune Permadi. Supaya ing tembe dheweke uga nduweni kaprigelan padha kaya Permadi, sokur bage bisa ngluwihi kawasisane panengah Pandhawa kuwi.
Nanging emane, nalika Ekalaya ndhaftar sekolah prodi panahan neng paguron Sokalima, dheweke ditampik dening Resi Durna, jalaran sekolahan Sokalima mung nampa siswa saka kulawarga Kraton Astina, yaiku Pandhawa lan Kurawa. Ewasemana Ekalaya ora nglokro, ramaja prigel lan kreatif kuwi gawe reca ngentha Resi Durna. Ya ing ngarep reca kuwi dheweke njinggleng, maca buku-buku karangane Resi Durna, mligine bab ngelmu manah, tumuli dipraktekna ajar manah secara otodidak neng ngarepan reca mau. Prasasat rina wengi samangsa ana kalodhangan, dheweke ajar manah, neng ngarepan reca, kaya-kaya anggone gladhen kuwi ditunggoni dening sang guru. Sawise dirasa rampung anggone ajar manah, wusana Ekalaya kasembadan madhani kaprigelane Permadi.
Meruhi kaprigelane Ekalaya sing bisa ngembari dheweke, apa maneh satriya Paranggelung kuwi ngaku yen dadi siswane Durna. Permadi utawa Harjuna ora seneng banjur wadul marang Durna lan nutuh yen gurune wis laku cidra. Jalaran sasuwene iki Durna janji yen ora bakal duwe murid liya kejaba Pandhawa lan Kurawa. Tumuli Durna nggoleki dununge Ekalaya, sing ngaku-aku murid Sokalima kuwi. Sawise ketemu Ekalaya tetep ngaku yen muride Durna. Mula Durna njaluk bebana tandha kasetyane Ekalaya minangka siswa Sokalima, kanthi cara nigas jempolan tangane tengen Ekalaya. Bebana sing aneh tur ora tinemu nalar kuwi disembadani dening Ekalaya. Dhasare bocah lugu, mula tanpa mangu-mangu Ekalaya masrahake jempol kanane marang Durna. Marga jempole dikethok mula kekuwatan lan keprigelane Ekalaya ilang, nglumpruk tanpa daya, tatune tanpa ditambani, getihe mili kaya ilen-ilene banyu ceret, temahan kentekan getih, nganti dadi lan patine.
Carita iki ngelingake marang kita manawa Bambang Ekalaya wis nuduhake kasetyan lan golong giliging ati, anggone kepengin nggayuh apa sing dadi panjangkane. Dheweke mbudidaya sakuwate, nganti kasembadan, sanadyan ngadhepi kahanan sing pait, getir lan pakarti ora adil, sing wusanane njalari kapitunane awake dhewe. Ekalaya wong sing tulus, saking tulusing ati nganti ilang kaprayitnane. Jejering manungsa pancen kadunungan sipat ringkih lan sekeng, nanging mungguhing wong sing ngerti lan nduweni ngelmu linuwih, kudune luwih ngati-ati ing satindak lan pangucap. Dene Durna lan Permadi kelangan kawicaksanan minangka wong ngerti. Mula kena diarani wong sing weruh ing kawruh, nanging ora nganti ngerti kanggo apa kawruhe kuwi.
*) Panganggit dedalem ing Semarang

















Cerita yang pernah saya baca, namun dengan pakem bahasa klasik. Cerita yang sama diolah dan disajikan dengan bahasa yang lebih mudah dipahami dan kekinian, sehingga pesan dari cerita tersebut lebih mudah dicerna.