Dening: Suyito Basuki *)
Saben-saben kita nindakaken pangabekti ing greja, kita kekidungan memuji Gusti. Menawi wonten ing griya, ing kantor, ing sekolahan, ing sabin lan papan sanesipun punapa kita inggih memuji Gusti? Memuji Gusti punika mboten satunggaling patrap mana suka kemawon ingkang tegesipun dipun tindakaken sae, mboten dipun tindakaken inggih mboten punapa-punapa. Mboten makaten! Miturut juru mazmur, memuji Gusti punika satunggaling dhawuhipun Gusti ingkang bobotipun sami kaliyan dhawuh-dhawuh sanesipun ingkang sinerat ing Kitab Suci.
Ukara “padha saosa puji” punika dipun tingali saking paramastranipun, mujudaken ukara hagnya utawi imperatif ing basa Inggris. Punika satunggaling dhawuh utawi prentah. Ing Yabur 150:1-6 punika ukara “padha saosa puji” punika dipun ambali kaping sewelas. Saben ayat punika wonten kalih ukara ngenani dhawuh punika. Nedahaken nyaosaken pamuji punika mujudaken bab ingkang wigati sanget ingkang kedah dipun tindakaken dening saben tiyang pracaya.
Dhasar pamuji punika rupi-rupi. Gusti Allah kapuji awit sipatipun ingkang suci, pramila manggen ing papan pasucen, awit kuwaosipun nitahaken cakrawala ingkang santosa (ay. 1), sarta amargi Gusti Allah punika nggadhahi kakiyatan saha kaluhuran ingkang ngedab-edabi (ay. 2). Pamuji punika sinartan alat-alat musik ingkang wonten, ing jaman suwau awujud: kalasangka, clempung, slukat, terbang mawi jejogedan, srana suling sarta kecer (ay. 3-5). Mboten namung saperangan bangsa ingkang kedah memuji Gusti Allah, kasebat malah sadaya bangsa! Cobi dipun gatosaken dhawuh tumrap “Kabeh kang ambegan kareben padha saosa puji marang Pangeran Yehuwah!” (ay. 6)
Asring tiyang pitados namung memujji Gusti rikala wonten ing greja kemawon. Pawadanipun rupi-rupi, wonten ingkang ngucap swantenipun mboten sae lan sanes-sanesipun. Awit memuji Gusti punika dhawuh, pramila sumangga kita tindakaken kanthi saestu-estu ing ngarsanipun Gusti. Gesang kita mugi kebak ing pamuji awit Gusti ingkang ugi sampun milujengaken kita saking paukumaning dosa.
*) Penulis manggen ing Ambarawa












