Ngapunteni Sesami kanthi Eklasing Ati

Ngudarasa117 Dilihat

Matius 18:21-35

Dening: Suyito Basuki *)

Punapa kita saged ngapunteni kulawarga utawi sadherek kita ingkang lepat kanthi eklasing ati? Bab punika mboten gampil. Satunggal wekdal kula sesarengan majelis Pembinaan Warga Gereja nindakaken bedhamen antawisipun sadherek satunggal kaliyan sadharek sanesipun. Sampun sarujuk sami bedhamen, sampun rangkul-rangkulan, tangis-tangisan, apura ingapuran, malah sampun damel serat perjanjian nindakaken pirukunan ingkang kula ndherek tanda tangan pinangka saksi. Mugi kemawon, bedhamen, apura ingapuran punika saged lestantun ngantos dinten punika.

Kanthi jujur, kula piyambak ngakeni gesang bedhamen, apura ingapuran punika mboten gampil. Saged kaleksanan menawi sedayanipun nglengganani bilih Gusti Allah lumantar Sang Kristus sampun paring pangapunten dhateng gesang kita ingkang kebak dosa. Pramila kanthi makaten, kita ugi lajeng saged nindakaken apura ingapuran lan gesang bedhamen ingkang suwau sami memengsahan.

Sabdanipun Gusti mratelakaken wontenipun abdi ingkang nggadhahi utang dhateng raja, alkitab basa Jawi padintenan nyebat: utang punika ngantos pirang-pirang yuta. Sasampunipun raja dhawuh supados tiyang punika dipun paringi paukuman, kunjara, tiyang punika nyuwun sih kawelasan dhateng raja, satemah raja nandukan raos welas pungkasanipun nglilakaken utangipun punika, raja nganggep lunas!

Rikala abdi kalawau medal saking pisowanan, kepanggih kaliyan rencangipun ingkang utang sawetawis ewu, abdi punika srengen kaliyan rencang kalawau awit mboten saged nyaur utang. Lajeng rencang kalawau dipun lebetaken dhateng pakunjaran ngantos utang-utangipun lunas.

Raja lajeng mireng prastawa punika, lajeng nimbali abdinipun, karsa ngandika: Sang Prabu nuli nimbali abdi sing ala atiné mau lan didukani: ‘Kowé iki wong sing jahat banget! Aku wis nglilakaké utangmu kabèh sing semono akèhé, merga saka panyuwunmu. Apa ora wis samesthiné kowé melasi kanca-kancamu padha abdi, kaya enggonku wis melasi kowé?’ Saka dukané, Sang Prabu banjur nglebokaké abdi sing ala atiné mau ana ing pakunjaran. Wong mau terus ana ing kono nganti utangé lunas kabèh.” (ay. 32-24)

Gusti Yesus paring gegambaran punika ingkang supados anggen kita paring pangapunten, sasanesipun makaping-kaping, inggih kinanthenana raos eklas sejati. Awit saderengipun punika, utang kita sampun dipun lunasi Gusti Yesus kanthi eklasing ati malah kepara kebak pangurbanan. Nuwun.

*) Penulis manggen ing Ambarawa

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *