Iman ingkang Tahan Rikala Kauji

Kontemplasi64 Dilihat

1 Petrus 1: 3-9

Dening: Suyito Basuki *)

Mbok menawi ing wekdal samangke, kita nembe ngadhepi ujian tumrap iman utawi kaprecayan kita.  Pasamuwan sakawit ingkang sumebar ing wilayah Pontus, Galatia, Kapadhokia, Asia Alit lan Bitinia nembe nandhang pacoben nampi pangina saha panganiaya saking para tiyang ingkang dereng pitados.  Kawontenan punika saged damel manah ajrih saha nilaraken kaprecayanipun dhumateng Gusti Yesus ingkang sampun paring kawilujengan, lumantar sedanipun ing kajeng salib ing Ardi Golgota.

Rasul Petrus paring pepenget bilih ujian iman punika ndhatengaken kasaenan tumrap para tiyang pitados.  Kasebat ingkang kados makaten:”Pamrihé ora liya supaya katona murniné precayamu. Senajan mas pisan, sing bisa rusak kuwi diuji murniné srana geni, apa menèh precayamu sing luwih aji tinimbang mas, kudu diuji iya supaya katona murniné. Temahan ing Dina rawuhé Gusti Yésus Kristus, kowé olèh pengalem, kamulyan lan kaurmatan.” (ay. 7).  Cobi dipun gatosaken kasaenan punika: 1) Supaya katona murnine pracayamu, 2) Emas bae uga kauji, saha 3) Rikala Gusti Yesus rawuh badhe pikantuk pangalem, kamulyan, saha kaurmatan.  Wonten satunggaling katrangan bilih iman utawi kaprecayan ingkang murni punika ajinipun nglangkungi ajinipun mas-masan ingkang wonten ing jagat punika. Sarta ujian punika bab ingkang limrah tumrap punapa kemawon, punapa malih bab iman.

Pangajeng-ajeng ing tembe, ing pundi Gusti Yesus paring pangalem, kamulyan, saha kaurmatan ndadosaken kakiyatan tumrap gesang kita rikala nampi pacoben pinangka ujian tumrap iman kita.  Punapa malih, menawi kita enget bilih kita sampun nampi kawilujengan ing Gusti rikala kita pitados dhateng Panjenenganipun. (ay. 3 & 9)

Pramila kanthi makaten, sampun ngantos tumut ombyaking jagat punika ingkang gampil ewah gingsir. Rikala nampi pacoben arupi pangina, panganiaya lan sanes-sanesipun kita mugi mboten tetep ngekahi tumrap iman kaprecayan kita.  Namung Gusti Yesus kemawon ingkang dados sumbering kawilujengan sarta papan anggen kita sesambat saha ngupadi pitulungan. 

*) Penulis manggen ing Ambarawa

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *